Senin, 14 Mei 2012

contoh geguritan

 NALIKA GUNUNG-GUNUNG NEGES

Gunung-gunung kang padha pating jenggeleg
Aweh pitakon marang wit-witwn ana sawah lan tegalan
Wit pari, tela, jagung, kacang padha ora bias jawab
Amarga padha ora ngerti apa makna pitakone gunung
Apa sebabe gunung didhuwurke
Luwih timbang panggonan liyane ing jagad
Kepara nganti ngaras langit
Pitakonan kang angel dijawab
Angina wae ora ngerti
Apa meneh sato kewan lan para menungso
Sing bias mangerti among barang kang
Kesimpen ing dasar bumi,kang ora kasat mripat
Tansah anteng lan ajeg
Ngangsu banyu ngliwati woy rambut kang dibelah pitu
Mbok menewa gunung-gunung kuwi
Kanggo ancik-ancik para satriya
Nggoleki sukmane kang mabur
Digawa para widadari

          Jakarta, pertengahan maret dan 7 april 2001


















SUKMA LELANA GUGAT

Angin kang mabur kekiteran ing dhuwur samodra
Sesat tanpa leren ngobahake banyu
Iwak gedhe iwak cilik padha gumregah
Jumedhul sakdhuwure ombak
Ilang suwara mlebu ing akasa
Prau-prau lelangen nguyak playune angen-angen
Kanthi jala lan jarring saka sutra
Obor tathit lan lintang
Sambung sinambung ing wewangunan jagad
Tapake iseh katon cetha ing garis tangan
Prasetya lan prasapa ngumbara
Dadi omah urang lan kewan segara liyane
Lumaku manut ilining pasir
Molah malih njupuk warna cahyaning jaman
Wit-witan gedhe ngadeg pating jenggeleg tanpa oyot
Angin lagi thawaf
Ngubengi kedhaton napas

                   Jakarta, 22 Juni 2001

























GELUDUK MURKA

Dining: Joko HN

Ora ngira ing wayah wengi tanpa mendung
Geluduk jumedar-jumedar gegilani
Lintang semburat saparan-paran,
Bulan singitan sawalike gunung
Iki tandane apa, iki tandane apa,
Sasi becik, kok ya ana mahluk murka
Ngudal-udal angkuh lan kadigdayana


















KEMBANG-KEMBANG ADEENIUM

Dining: Joko HN

Saben esuk, disawang
Yen awan cahyane srengenge ora kurang
Wyah sore, dielus-elus kembange
Abo endahe ya uripe

Wengi, cahyane lintang sumilat
Kembang-kembang adenium tambah eseme
Rasane kaya ngawe-awe,aja turu disik
Ayo ngeling-eling lelakon bebarengan

Nanging raga wis ora kuat
Sedina muput mung bingung golek upa
Lali sapa sing nandur kembang
Lali sapa sejatine awake dewe

Nalikane terompet maut keprungu
Kembang-kembang adenium dadi layu
Luh tumetes saka mripat kang nyawang
Lan, ora ana sing bakal ngancani meneh
















MALEM GANJIL

Dening: joko HN

Kabeh padha menekung ing punjure urip
Embuh apa sing diucapke sajroning ati
Malem ganjil, sing dadi seksining alam
Aja selak apa kandane suara-suara

Pilih sugih apa mlarat, pilih luwe apa wareg,
Pilih sara apa mulya,pilih ayu apa elek
Pilih pangkat apa drajat,pilih mati apa urip
Pilih donya apa akerat

Kabeh suara-suara keprungu ing langit
Ora ana kang bias nutup-nutupi
Ora ana kang nalang-alangi
Ora ana kang gandoli

Ngucapa,ngucapa,ngucapa
Jujura,jujura,jujura
Elinga,elinga,elinga
Sapa sira sejatine
























UMBUL JALATUNDHA

Umbul jalatundha
Banyumu kang bening kindong-kindong
Nambahi rasa seger wong kang padha ceciblon
Mbuyarake sirah kang rinasa cekot-cekot

Umbul jalatundha
Banyumu kang obah serta kimplah-kimplah
Migunani marang sawijining gotrah
Kang sesuci sumedya jiarah

Umbul jalatundha
Jebol ing jeromu ana
Sompil papak kanggo tamba
Tinemu watu tapak bima


Tidak ada komentar:

Posting Komentar